KOLEKSI MOTOR DAN MOBIL

KOLEKSI MOTOR & MOBIL PALING TOP 2008
Showing posts with label Urip Bebojoan. Show all posts
Showing posts with label Urip Bebojoan. Show all posts

Ngumbah Kucing


Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
”Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?” takok Bunali.
”Aku katene ngumbah kucing” jare Wonokairun.
”Gak salah tah Mbah.” Bunali bingung.
19
1 Humor Suroboyoan Jilid Siji
”Iyo soale kucingku akeh tumane.” Jare Wonokairun.
”Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah” Bunali ngilingno.
”Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo” jare Wonokairun.Mari mbayar,
Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.
Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
”Yok opo kucing sampeyan Mbah ?” takok Bunali.
”Kucingku mati ” jare Wonokairun.
”Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo
kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.
”Kucingku mati gak mergo rinso” jare Wonokairun njelasno.
”Opoko lho ??” Bunali gak sabar.
”Tak peres . . . .”

Urip Bebojoan: Purik

Sumar lagi enak-enak nontok bal-balan ndhik tv, moro -moro bojone ngeriwuki
”Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar po’o”.
18
1.15 Wonokairun ambek Bunali: Ngumbah Kucing
”Masang lampu ?!!!. Kon kiro aku iki PLN tah...!!! ” jare Sumar muringmuring.
”Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno kran banyu ndhik
jeding po’o cak, eman banyune amber-amber” takok bojone maneh.
”Mbenakno kran ?!!!. Kon kiro aku iki PDAM tah ...!!! ” jare Sumar
ambek menteleng.
”Lengo gase yo entek pisan cak, lek sampeyan tuku rokok aku tulung
tukokno pisan po’o cak..”
”Dikandani jek nambeng ae arek iki, kon kiro aku iki PERTAMINA tah
..!!! ”
Sumar tambah mangkel. Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat
nontok bal-balan ndhik omah koncone. Mulih jam loro isuk, Sumar kaget
terase wis padhang.
Pas wisuh ndhik jeding banyune yo wis gak amber maneh. Sumar yo
ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.
Isuke Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi.
”Ngene lo cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis ndhik ngarep
omah. Mari ngono onok arek lanang ngganteng teko.
De’e takok opoko kok nangis. Aku yo cerito lek lampuku pedhot, kranku
bocor,lengo gasku entek, bojoku purik.
Lha de’e nawakno kate nulungi cumak onok sarate.... ” bojone cerito.
”Opo sarate ?” Sumar mulai curiga.
”Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo nglencer karo de’e ”
jare bojone.
”Lha terus kon nggawekno roti opo..? ” Sumar takok maneh.
”Nggawekno roti ?!!!. Kon kiro aku iki Pabrik Roti tah !!!...”
Wonokairun ambek Bunali:

Urip Bebojoan: Bakul Bakwan

Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong
kewedhen.
”Aku ngimpi mbah Kakung mati ...” jare anake.
”Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi” jare cak
Srondhol.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan
jantung, mati.
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi. ”Aku ngimpi mbah
Putri mati....” jare anake.
”Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh”
jare cak Srondhol.
Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhik
jedhing, mati pisan.
Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.
”Aku mimpi bapakku mati... ” jare anake.
”Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh” jare cak
Srondhol.
Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak isok turu. Ketapketip,
pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.
Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.
”Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?” jare cak Srondhol.
”Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati....”

Urip Bebojoan: Babaran

Bojone Turkan mbobhot guedhe, wis kari ngitung dino. Jare konco-koncone,
onok dukun sekti jenengeWak So sing isok mindahnolorone wong ngelairno
seko ibuke ndhik bapake jabang bayi.
Mergo kepingin nyenengno bojo, Turkan manut opo jare konco-koncone.
Pas wis wayahe, Turkan ngeterno bojone ndhik nggone Wak So.
Karo Wak So, Turkan ditakoni kiro-kiro sak piro kuate nanggung lorone
wong babaran. Gawe permulaan Turkan njaluk seprapat dhisik. Ambek
Wak So, Turkan sikile dicancang tali rapia terus dikongkon cekelan amben
sing kuat, soale masio mek seprapat, lorone wis gak ketulungan.
Mari moco aji-aji, Wak So mulai mindahno lorone bojone Turkan sing
wistambah mules.
Tibake Turkan menter gak bengok-bengok blas.
Wak So bingung, cik kuate arek iki. Malah Turkan njaluk ditambah
maneh lorone.Ambek Wak So dipindahno maneh lorone sampek separo.
Tibake Turkan tetep menter gak keroso loro blas.
Mergo sik keroso kuat, Turkan njaluk ditambah maneh lorone sampek
telungprapat. Masio bingung Wak So tetep nuruti panjaluke Turkan iku.
Tibake Turkan sik pancet menter, cumak rodhok pucet sitik. Jarene
Turkan, ”Wis Wak So, lorone kekno aku kabeh ae, cik bojoku gak usah
ngerasakno loro blas”.
Mari ambekan dhowo, Wak So ngepolno tenogone gawe mindahno lorone
ndhik Turkan kabeh.
Gak sui ngono bayeke langsung lahir. Bojone Turkan ketok seger mergo
gak loro blas, baye ke yo seger, Turkan yosik isok mesam-mesem.
Ambek Wak So, Turkan disalami, ”Hebat awakmu nak”.
Gak sui Turkan sak keluarga pamitan mulih.
Bareng katene mlebu montor, supire Turkan digugah mueneng ae, tibake
wis mati .....

Urip Bebojoan: Mulih Gasik

Munawar, Sapari ambek Kelik kerjo ndhik pabrik paralon. Arek telu iki
wis sui koncoan apik, cumak sayang Kelik wonge rodhok ndlahom sitik.
Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih ndhisiki, jam loro awan
ngono wis amblas.
Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok.
”Wis ngene ae rek, mene lek boss moleh awan, kene yo melok mulih awan
pisan” jare Munawar.
Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih. Langsung ae arek telu
iku melok amblas.
Munawar gak moleh tapi langsung nang bengkel mbenakno sekok sepeda
montore.
Lek Sapari mek salin thok terus budhal mancing.
Kelik thok sing mulih omah, langsung njujug kamar. Lawang kamare
dibukak alon-alon, karepe kate ngageti bojone. Dhadhak malah Kelik
dhewe sing kaget. Masalae pas lawange dibukak Kelik ndhelok bojone
lagi turu ambek bosse. Mari ndhelok ngono, Kelik nutup lawange maneh
alon-alon terus minggat.
Menene Sapari ngejak mulih gasik maneh, ”Lumayan rek aku wingi oleh
tombro gedhe-gedhe”.
”Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae” jare Munawar.
Kelik thok sing gak gelem ”Gak wis, gathik!!!. Kapok aku”.
”Lho opoko kon iku.?” takok konco-koncone.
”Soale wingi aku meh konangan..”

Urip Bebojoan: Kaspo thok ! ! !

Sore-sore jam 3 onok tamu teko omahe Cak No.
”Kulo nuwun. Aku Kusen ning. Cacakmu onok tah ?” jare tamune.
”Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik cak..” jare bojone
Cak No. Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni Cak No
mulih.
”Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu lho athik seksi
pisan” Kusen mulai ngerayu.
”Peno jok macem-macem lho, tak kandakno bojoku tebhal sampeyan”
jare bojone Cak No.
”Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh. Lek aku oleh sun pipi sampeyan
pisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuken” jare Kusen ambek ngetokno
seket ewuan loro.
Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak bakal konangan, opomaneh
jamane krismon lak lumayan tah.
”Yo wis, tapi diluk ae yo”. jare bojone Cak No.
Mari ngesun, Kusen ngekekno dhuwike.
”Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun karo-karone. Lek oleh ngesun
sitoke, tak kei satus ewu maneh” jare Kusen.
Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek diluk koyok mau.
Mari ngesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh.
Bojone Cak No sueneng gak karuan, ”Sing iki pisan cak... gae bonus”,
jarene.
Mari ngono Kusen terus pamitan alasane kesuwen ngenteni Cak No gak
teko-teko soale katene arep onok urusan liyo.
Gak sui, Cak No mulih.
”Cak mau onok konco sampeyan teko jenenge Kusen, wonge antik pol..”
bojone cerito.
”Oh iyo pancen mbethik arek iku.. Jarene kate nyaur utang rongatus
ewu, wis dibayar tah?”