KOLEKSI MOTOR DAN MOBIL

KOLEKSI MOTOR & MOBIL PALING TOP 2008

Diuber celeng


Sore-sore mari mulih angon, Bunali pethuk ambek Brudin.
”Waras ta !! ” jare Brudin ndhik Bunali.
”Waduh dino iki aku meh mati disruduk celeng ” jare Bunali.
”Lho kok isok ngono, yok opo ceritone ?” jare Brudin.
”Mau awan iku aku pethuk celeng, terus tak garai, tak kileni ambek
pring dhadhak nguamuk. Aku diuber-uber katene disrudhuk, untunge iku
celenge bolak-balik tibo kepleset, dhadhi aku sempet menek wit klopo”.
jare Bunali.
”Waduh cik sereme, lek aku sing ngalami wis pucet kepuyuh-puyuh gak
karuan” jare Brudin.
”Lho, aku iyo ngono, kon pikir celenge kepleset opo ?”

Mo Limo

Mari dikelamuti pedhet, Togog dilapurno nang polisi ambek bapake Romlah.
Ambek polisine Togog terus dilebokno penjara.
Tibake penjarane wonge sangar-sangar, brewokan, dempal-dempal akeh
tatone. Isine kiro-kiro satus, onok preman, jagal, bromocorah, korak lan
sak panunggalane.
Togog malih wedhi, opo maneh durung tau mlebu penjara. Pas wayahe
antri mangan, Togog mulai oleh konco.
”Awakmu wong anyar yo ?” jare konco anyar iku.
”Iyo . . .” jare Togog.
”Wis gak usah pusing, ndhik penjara iku malah enak. Mangan ditanggung,
klambi dijatah, turu gak mbayar. Opo maneh ndhik penjara iki
awakmu isok nglakoni sing jenenge Mo Limo sak tuwukmu.” jare koncone
Togog.
”Lho cik enake. Opo ae acarane ndhik kene ? takon Togog.
”Bengi iki malem Senen, acarane maling. Kabeh Napi ndhik kene saling
copetcopetan. Lha dhuwike bakal digawe main malem Seloso sisuk.
Awakmu arek anyar kudhu isok nyopet dhuwik sing akeh, mergone biasane
arek anyar sing dikongkon dhadhi bandare ”, jare koncone Togog.
”Oo gak masalah iku, ndhik kampung aku tau dhadhi bandar buntutan.
Tapi lek digerebeg polisi yok opo ?” jare Togog.
”Katene digerebeg yok opo maneh, wong awakmu wis ndhik penjara.
Lha malem Rebone iku acarane minum. Biasane arek anyar koyok awakmu
dikongkon ngentekno bir limang botol”, jare koncone Togog.
”Oo gak masalah iku, sepuluh botol ae sik kuat aku” jare Togog.
”Mari ngono, malem Kemise iku acarane madhat. Pokoke sembarang
onok, ganja, sabu-sabu, heroin, sak tuwukmu”, jare koncone Togog.
”Wah tepak wis, lek aku senenge sabu-sabu. Tapi lek kecekel polisi yok
opo ?”, jare Togog.
”Lek awakmu nyabu ndhik hotel, pasti digerebeg terus dilebokno penjara.
Lha wong awakmu wis ndhik penjara, katene dilebokno endhi maneh.
Wis tah, pokoke aman.” jare koncone Togog.
”Wah sip lek ngono. Lha malem Jum’at acarane opo ? jare Togog.
”Awakmu homo tah dhudhuk ?” takon koncone Togog.
”Ngawur ae, aku iki normal rek !!! ” jare Togog.
”Wah berat iki cak ”, jare koncone Togog.
”Lho opoko masalae ? ” takon Togog.
”Soale malem Jum’at, malem Sabtu ambek malem minggu iku acarane
madhon. Lha biasane arek anyar iku sing dhadhi wedhoke ”.

Maling

Mari ngunci kandang sapi, Sutaji mergoki onok arek menek ondho katene
mlebu kamare Romlah.
Ambek Sutaji, ondhone digedrok-gedrok sampek malinge ceblok. Mari
ngono, malinge diseret dilebokno kandang ndhik mburi omah.
Mari klambine dicopoti kabeh, malinge iku mau dicancang nang cagak.
”Kapokmu kapan !!, mene isuk tak lapurno juraganku, saiki turuo ae
sing kepeNak” jare Sutaji.
Isuke Sutaji ngejak bapake Romlah marani maling sing dicancang Sutaji.
Bareng diparani tibake malinge semaput, awake pucet, peok, ambune
basin, ambek dhodhone abhang kabeh.
”Lho Ji, iki Na Togog sing mbiyen nginceng anakku. Waduh saknone
arek iki Ji, mari kon kelamuti tah Ji ?”.
”Lha lapo aku ngelamuti maling !!!, sampeyan takokno dhewe Nang
areke”. Mari diguyang banyu, malinge tangi maneh.
”Opoko kon iku Le?” jare Bapake Romlah.
”Ampun Pak... sak wengi aku bengok-bengok gak onok sing nulungi.
Pedhet sampeyan iku gak onok mboke tah ?”.

Telulas

Sore-sore Sutaji mlebu omah berok-berok, ambek raine ditutupi. Sak omah
melok gupuh kabeh.
Ambek mboke Romlah ditakoki, ”Opoko awakmu iku, pencilakan koyok
tandhak bedhes ?”
Sutaji gak langsung njawab, pas tangane dibukak raine bundhas abang
kabeh. Lambene njedhir getien.
Mari diombeni banyu, Sutaji rodhok adem terus isok cerito ndhik Romlah.
”Ngene lho. Aku lak mari ngandangno wedhuse Bapak ta. Lha aku
krungu akeh arek cilik-cilik bengok-bengok ambek kotekan ngene..telulas
teng teng teng... telulas crek crek crek... telulas teng teng teng . . . terus
ae dibolan-baleni. Tak goleki suarane tibake ndhik njero gardu hansip.
Tak dhelok gedheke bolong persis sak ndhasku. Saking penasaran onok
opo, gardhune tak cedaki, tibake suorone tambah banter... telulas teng
teng teng ... telulas crek crek crek ...terus ae.
Tak pikir paling iku arek-arek lagi totoan. Lagek ae ndhas ku njengongok
ndhik bolongan iku mau, moro-moro arek-arek iku nggepuki raiku ambek
kulit duren, godhong blarak, sapu, panci gosong, kentes hansip sembarang
kalir sampek bundhas kabeh koyok ngene.
Pas aku isok narik ndhasku, aku langsung plencing, mlayu sipat kuping.
Lha mari ngono arek-arek iku mau mbengok maneh . .pat belas teng teng
teng... pat belas crek crek crek...pat belas teng teng teng”

Romlah: Nginceng Kamut

Gempil ambek Togog enak-enak cangkruk di sore hari. Moro-moro Romlah,
anake Pak Imron, liwat numpak sepeda. Arek telu iku langsung ngowo
ndhelokno.
” Arek ayune koyok ngono lek turu yok opo yo ?” jare Kamut.
”Lek turu yo merem rek. Lak mosok koyok awakmu, lek turu nyengir
koyok jaran” jare Gempil. ”Maksudku, klamben tah gak ngono lo”. jare
Kamut.
”Lek ngono, engkok bengi diinceng tah ?” jare Gempil gunggungan.”Wah
iyo rek tepak rek.” jare Kamut.
Lha Togog iku awake gedhe tapi wonge gocik. ”Gak melok-melok aku.
Mboke sangar rek. Kapanane Soleh digebeg duren raine bundhas kabeh”
jare Togog.
”Omahe lak tingkat. Ngene ae. Awakmu lak gedhe tah. Tugasmu
nggendhong aku ambek Gempil. Aku sing ndhik ndukur. Lek wis ketok,
aku nyeritakno nang Gempil, terus Gempil nyeritakno nang awakmu.” jare
Kamut maneh.
”Yo wis setuju.” mari ngono arek telu iku buyar ngenteni bengi.
Bengine, sesuai rencana Togog sing paling ngisor, mari ngono Gempil
ndhik tengah terus Kamut paling ndukur.
”Areke lagi surian” Kamut mulai cerito.
”Areke lagi surian” Gempil nerusno ndhik Togog.
”Yo tah?.” jarene Togog.
”Areke lagi bukak klambi” Kamut mulai cerito.
”Areke lagi bukak klambi” Gempil nerusno ndhik Togog. ”Mosok se?.”
jarene Togog, ambek sikile mulai kemeng.
Moro-moro Togog ndhelok onok sentolop seko kadhoan.
”He rek onok Hansip, age cepetan” mari ngono arek telu iku semburat
ndhelik.
Mari ngono, Hansipe nggoleki gak ketemu. Onoke mek karung telu. Ambek
Hansipe karunge disuadhuk. Sing pertama isine Kamut, pas disadhuk
munine ”Meeoong.”
”Oooh kucing tibake” pikire hansipe
Sing keloro isine Gempil, pas disadhuk munine ”Guk..guk!.”
”Oooh kirik tibake”
Lha sing terakhir iku isine Togog, bingung katene muni opo.
Bareng disadhuk dhadhak munine ” Kentaaang !”.

Romlah: Gantine Soleh

Mari raine digebeg duren, akhire Soleh njaluk metu. Mari ngono, Pak
Imron oleh ewang anyar jenenge Sutaji. Lha Sutaji iku awake dempal
cumak wonge ndlahom, lek diperentah musti ngelakonine kewalik.
Isuk-isuk, Romlah ambek mboke ngrasani Sutaji.
”Mak, ewange Bapak iku lho wuantik poll wonge. Wingi lak dikongkon
Bapak ngedhuk sumur cik tambah jeru, lha terus lempunge digawe nguruk
pekarangan.
Lha pas sore kate ngangsu, Bapak iku muring-muring nggoleki sumure
gak onok. Tibake jare Sutaji, sumure wis diuruk roto. Pekarangane sing
malah bogang kabeh.
Ngono Bapak gak wani, jarene wedhi digibheng ”. Mboke Romlah cerito
pisan.”
Iku sik gak sepiro, lha wingi iku Sutaji tak kongkon tuku pithik. Aku
pesen tulung brutune buaken, terus susuke simpenen ngisore bantalku.
Dhadhak pas aku katene turu, bantalku kok mbendhol. Tibake bantalku
diganjel brutu. Bareng tak takoni endhi dhuwik susuke.
Wis tak buak, jarene.” Pas enak-enak cerito, moro-moro krungu suoro
Pak Imron berok-berok ndhik pawon. ”Tulung ! ! Tulung ! ! ”
”Waduh blaen iki. Age cepetan, bapakmu selak mlonyoh kabeh” jare
mboke Romlah.
”Lho Bapak lak sik mbangkong se” jare Romlah.
”Iyo. Tapi Sutaji mau tak kongkon nggodhok pohong gawe sarapane
Bapakmu !!”.

Romlah: Kulit Mungsuh Kulit

Pak Imron ndhuwe anak wedok jenenge Romlah. Anake iki waduh uwayune
pol.
Selain iku Pak Imron yo nduwe pembantu jenenge Soleh. Pembantune
iki areke mbethik. Masio Nakal tapi Soleh iku areke sregep, dikongkon
sembarang mesti gelem.
Lha Soleh iku wis suwe ngesir Romlah. Berhubung de’e pembantu dadi
Soleh gak wani nggudho langsung.
Akhire Soleh oleh kesempatan....
Pas Romlah turu ndhik kamar, Bapake Romlah nyeluk Soleh tekok
kamare, ”Leh . . Soleh, Bapak jupukno sandal ndhik kamare Romlah
cepetan”.
”Iyo pak, tak jupukno” jare Soleh, mari ngono Soleh mlebu Nang kamare
Romlah
”Lah . . Romlah, aku dikongkon bapak ngesun pipimu” jare Soleh.
Romlah kaget lan gak percoyo, ”Leh.. koen ojok kurang ajar lho. Engkok
koen tak kandakno Bapak.”
Soleh terus mbengok banter,” Pak..pak.. Romlah gak gelem pak.”
Bapake Romlah emosi dibengoki Soleh, mari ngono ngomong banter,
”Romlah kekno ae, ojo nbantah perintahe Bapak.” Romlah terpaksa
manut, terus pipine disun karo Soleh.
Mari ngesun pipine Romlah, Soleh njupuk sandale terus mblayu nang
kamare
Bapak, ”Pak.. pak, iki lho sandale sampeyan,” jare Soleh.
Mari ngono Pak Imron metu tekok kamar. Pak Imron kaget ndhelok
Romlah Nangis, ”Lah.. Romlah awakmu opoko kok Nangis”.
”Aku mari diambung karo Soleh”, jare Romlah.
”Opoo !!!” jare Bapake Romlah ngamuk, saking ngamuke sampek ngentut
duuut.
”Leh ... Soleh koen kok wani ngesun Romlah !!!”.
”Pak .. pak, sampeyan ngono ae kok ngamuk, iki lak cuma kulit mongso
kulit ” jare Soleh.
Akhire Bapake Romlah gak sidho ngamuk didem-demi Soleh. Gak suwe
ibuke Romlah mulih tekan pasar.
Ibuke Romlah kaget pisan ndhelok Romlah nangis. Bareng ngerti lek
Romlah disun Soleh, Ibuke Romlah terus muntap, duren sing sik tas dituku
dijupuk terus digebekno nang raine Soleh.
Soleh nangis gerung-gerung ngrasakno lorone.
Mari ngono Bapake Romlah ngomong Nang Soleh, ”Leh . Soleh, iku lak
cumak kulit mongso kulit ae. Mosok ngono ae wis Nangis”.
”Pancene sampeyan iku gendeng Pak !! ” jare Soleh ambek nangis.

Pikun


Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek
napuki sirahe.
Romlah: Kulit Mungsuh Kulit
Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung
mandhek nakoni. ”Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong
?” takok Bunali.
”Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun,
sik enom, ayu, semlohe. ” jare Wonokairun ambek nangis.
”Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. ” Bunali mulai
bingung.
”Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk,
jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. ” jare
Wonokairun.
”Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. ”
Bunali tambah bingung. ”Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku.
Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. ” jare Wonokairun
maneh.
”Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerunggerung
gak mari-mari ?” Bunali wis gak sabar meneh.
”Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . .”

Minimarket

Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe. Sing dituku
tibake daging kalengan gawe pakane kucing.
Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.
1 Humor Suroboyoan Jilid Siji
”Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu
mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing. Aku khawatir lek tibake
pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. ” jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno
ndhik Bunali.
”Iki kucingku ” jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe
kucinge.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit
balung pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.
”Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu
iki sampeyan emplok dhewe.” jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno
ndhik Bunali.
”Iki asuku ” jare Wonokairun ambek mbayar biskuit balung gawe asune.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus
bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji.
”Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? ” jare Bunali.
”Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin
ngerasakno. Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. ” jare Wonokairun.
Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire
Bunali kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus. Tibake njerone
onok gembuk-gembuke.
Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak. Bunali misuhmisuh
gak karuan, ” Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku sampeyan
kongkon ndhemok tembelek.”
”Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? ”.

Mancing

Sore-sore mari udhan, Wonokairun mancing nang got cilik ndhik ngarepe
warunge Mbok Ten.
Ambek rokokan klobhot,Wonokairun ndhodhok sarungan nyekeli pancinge.
Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wonokairun. Onok sing
sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing ngiro wong gendheng yo onok
sing cuek ae.
Gak sui Bunali teko katene andhok pisan.
Bareng ndhelok Wonokairun koyok ngono langsung gak mentolo.
”Mbah, ayok melok aku mangan, wis tah tak bayari ojok kawatir. ” jare
Bunali.
PertamaWonokairun isin-isin gak gelem, tapi mari dibujuk-bujuk akhire
gelem.
”Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge,” jare Bunali.
Mari mangan warek, Bunali ngejak Wonokairun ngobrol.
”Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok iwake ?”takok
Bunali.
”Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani ndhodhok sarungan sak
uwen-uwen. ” jare Wonokairun.
”Mosok se Mbah. Wis oleh iwak piro Sampeyan ?” jare Bunali gak
percoyo. ”Awakmu sing ke limo . . .”

Wonokairun ambek Bunali: Y u y u

Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.
”Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ? ” takok
Bunali.
”Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. ” jare Wonokairun.
”Lho kok isok ?” jare Bunali.
”Sing pertama mati nguntal yuyu. ” jare Wonokairun
”Lha sing kedua ?” takok Bunali
”Sing kedua mati nguntal yuyu. ” jare Wonokairun.
”Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan ” jare Bunalu kemeruh.
”Gak. Matine mergo tak gibheng.” jare Wonokairun.
”Lho opoko ?” takok Bunali.
”Soale gak gelem nguntal yuyu . . .”

Ngumbah Kucing


Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
”Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?” takok Bunali.
”Aku katene ngumbah kucing” jare Wonokairun.
”Gak salah tah Mbah.” Bunali bingung.
19
1 Humor Suroboyoan Jilid Siji
”Iyo soale kucingku akeh tumane.” Jare Wonokairun.
”Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah” Bunali ngilingno.
”Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo” jare Wonokairun.Mari mbayar,
Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.
Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
”Yok opo kucing sampeyan Mbah ?” takok Bunali.
”Kucingku mati ” jare Wonokairun.
”Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo
kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.
”Kucingku mati gak mergo rinso” jare Wonokairun njelasno.
”Opoko lho ??” Bunali gak sabar.
”Tak peres . . . .”

Urip Bebojoan: Purik

Sumar lagi enak-enak nontok bal-balan ndhik tv, moro -moro bojone ngeriwuki
”Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar po’o”.
18
1.15 Wonokairun ambek Bunali: Ngumbah Kucing
”Masang lampu ?!!!. Kon kiro aku iki PLN tah...!!! ” jare Sumar muringmuring.
”Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno kran banyu ndhik
jeding po’o cak, eman banyune amber-amber” takok bojone maneh.
”Mbenakno kran ?!!!. Kon kiro aku iki PDAM tah ...!!! ” jare Sumar
ambek menteleng.
”Lengo gase yo entek pisan cak, lek sampeyan tuku rokok aku tulung
tukokno pisan po’o cak..”
”Dikandani jek nambeng ae arek iki, kon kiro aku iki PERTAMINA tah
..!!! ”
Sumar tambah mangkel. Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat
nontok bal-balan ndhik omah koncone. Mulih jam loro isuk, Sumar kaget
terase wis padhang.
Pas wisuh ndhik jeding banyune yo wis gak amber maneh. Sumar yo
ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.
Isuke Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi.
”Ngene lo cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis ndhik ngarep
omah. Mari ngono onok arek lanang ngganteng teko.
De’e takok opoko kok nangis. Aku yo cerito lek lampuku pedhot, kranku
bocor,lengo gasku entek, bojoku purik.
Lha de’e nawakno kate nulungi cumak onok sarate.... ” bojone cerito.
”Opo sarate ?” Sumar mulai curiga.
”Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo nglencer karo de’e ”
jare bojone.
”Lha terus kon nggawekno roti opo..? ” Sumar takok maneh.
”Nggawekno roti ?!!!. Kon kiro aku iki Pabrik Roti tah !!!...”
Wonokairun ambek Bunali:

Urip Bebojoan: Bakul Bakwan

Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong
kewedhen.
”Aku ngimpi mbah Kakung mati ...” jare anake.
”Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi” jare cak
Srondhol.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan
jantung, mati.
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi. ”Aku ngimpi mbah
Putri mati....” jare anake.
”Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh”
jare cak Srondhol.
Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhik
jedhing, mati pisan.
Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.
”Aku mimpi bapakku mati... ” jare anake.
”Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh” jare cak
Srondhol.
Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak isok turu. Ketapketip,
pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.
Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.
”Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?” jare cak Srondhol.
”Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati....”

Urip Bebojoan: Babaran

Bojone Turkan mbobhot guedhe, wis kari ngitung dino. Jare konco-koncone,
onok dukun sekti jenengeWak So sing isok mindahnolorone wong ngelairno
seko ibuke ndhik bapake jabang bayi.
Mergo kepingin nyenengno bojo, Turkan manut opo jare konco-koncone.
Pas wis wayahe, Turkan ngeterno bojone ndhik nggone Wak So.
Karo Wak So, Turkan ditakoni kiro-kiro sak piro kuate nanggung lorone
wong babaran. Gawe permulaan Turkan njaluk seprapat dhisik. Ambek
Wak So, Turkan sikile dicancang tali rapia terus dikongkon cekelan amben
sing kuat, soale masio mek seprapat, lorone wis gak ketulungan.
Mari moco aji-aji, Wak So mulai mindahno lorone bojone Turkan sing
wistambah mules.
Tibake Turkan menter gak bengok-bengok blas.
Wak So bingung, cik kuate arek iki. Malah Turkan njaluk ditambah
maneh lorone.Ambek Wak So dipindahno maneh lorone sampek separo.
Tibake Turkan tetep menter gak keroso loro blas.
Mergo sik keroso kuat, Turkan njaluk ditambah maneh lorone sampek
telungprapat. Masio bingung Wak So tetep nuruti panjaluke Turkan iku.
Tibake Turkan sik pancet menter, cumak rodhok pucet sitik. Jarene
Turkan, ”Wis Wak So, lorone kekno aku kabeh ae, cik bojoku gak usah
ngerasakno loro blas”.
Mari ambekan dhowo, Wak So ngepolno tenogone gawe mindahno lorone
ndhik Turkan kabeh.
Gak sui ngono bayeke langsung lahir. Bojone Turkan ketok seger mergo
gak loro blas, baye ke yo seger, Turkan yosik isok mesam-mesem.
Ambek Wak So, Turkan disalami, ”Hebat awakmu nak”.
Gak sui Turkan sak keluarga pamitan mulih.
Bareng katene mlebu montor, supire Turkan digugah mueneng ae, tibake
wis mati .....

Urip Bebojoan: Mulih Gasik

Munawar, Sapari ambek Kelik kerjo ndhik pabrik paralon. Arek telu iki
wis sui koncoan apik, cumak sayang Kelik wonge rodhok ndlahom sitik.
Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih ndhisiki, jam loro awan
ngono wis amblas.
Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok.
”Wis ngene ae rek, mene lek boss moleh awan, kene yo melok mulih awan
pisan” jare Munawar.
Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih. Langsung ae arek telu
iku melok amblas.
Munawar gak moleh tapi langsung nang bengkel mbenakno sekok sepeda
montore.
Lek Sapari mek salin thok terus budhal mancing.
Kelik thok sing mulih omah, langsung njujug kamar. Lawang kamare
dibukak alon-alon, karepe kate ngageti bojone. Dhadhak malah Kelik
dhewe sing kaget. Masalae pas lawange dibukak Kelik ndhelok bojone
lagi turu ambek bosse. Mari ndhelok ngono, Kelik nutup lawange maneh
alon-alon terus minggat.
Menene Sapari ngejak mulih gasik maneh, ”Lumayan rek aku wingi oleh
tombro gedhe-gedhe”.
”Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae” jare Munawar.
Kelik thok sing gak gelem ”Gak wis, gathik!!!. Kapok aku”.
”Lho opoko kon iku.?” takok konco-koncone.
”Soale wingi aku meh konangan..”

Urip Bebojoan: Kaspo thok ! ! !

Sore-sore jam 3 onok tamu teko omahe Cak No.
”Kulo nuwun. Aku Kusen ning. Cacakmu onok tah ?” jare tamune.
”Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik cak..” jare bojone
Cak No. Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni Cak No
mulih.
”Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu lho athik seksi
pisan” Kusen mulai ngerayu.
”Peno jok macem-macem lho, tak kandakno bojoku tebhal sampeyan”
jare bojone Cak No.
”Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh. Lek aku oleh sun pipi sampeyan
pisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuken” jare Kusen ambek ngetokno
seket ewuan loro.
Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak bakal konangan, opomaneh
jamane krismon lak lumayan tah.
”Yo wis, tapi diluk ae yo”. jare bojone Cak No.
Mari ngesun, Kusen ngekekno dhuwike.
”Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun karo-karone. Lek oleh ngesun
sitoke, tak kei satus ewu maneh” jare Kusen.
Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek diluk koyok mau.
Mari ngesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh.
Bojone Cak No sueneng gak karuan, ”Sing iki pisan cak... gae bonus”,
jarene.
Mari ngono Kusen terus pamitan alasane kesuwen ngenteni Cak No gak
teko-teko soale katene arep onok urusan liyo.
Gak sui, Cak No mulih.
”Cak mau onok konco sampeyan teko jenenge Kusen, wonge antik pol..”
bojone cerito.
”Oh iyo pancen mbethik arek iku.. Jarene kate nyaur utang rongatus
ewu, wis dibayar tah?”

Cerito Khayal: Jin

Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore
witasem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue.
Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole
dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.
”Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti,”
jare jine.
”Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku.
Biyen aku iki guanteng lan sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok
ngene iki mergo dibujuki ambek jin” jare Kayat.
”Lho biyen iku be’e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin
apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir.
Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro
maneh, wis tah gak rugi pokoke.
Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo” jare jine maneh.
”Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama,
aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung,” jare Kayat
”Meremo dhiluk..”jare jine. Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe
Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.
”Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?” jare jine.
13
1 Humor Suroboyoan Jilid Siji
”Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange.”
jarene Kayat.
”Meremo dhiluk..” jare jine.
Ting... Pas melek moro-moro Kayat wis nang njero omah mewah. Kayat
sueneng gak karuan.
”Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing temenan
cik gak getun” jare jine.
Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk, ”Aku kepingin kulitku
malih putih wudho dirubung wong wedhok akeh”.
Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok
rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang,
pikire Kayat mulai curiga.
Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat
wis dhadhi tahu. . .

Cerito Khayal: Mbah Jo

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis,
irungesampek dipasangi selang.
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate
thok sing ketap-ketip. Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno
mudhin ben didungakno.
Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak
isokambekan, raine pucet, tangane gemeter. Nganggo bahasa isyarat mbah
Jo nirokno wong nulis. Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas
ambek pulpen.
Ambekmegap-megap, mbah Jo nulis surat. Karo siso-siso tenogone
mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhine. Ambek Pak Mudhine
kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat
wasiat saiki, pikire pak Mudhin.
Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone. Gak sui mari ngono
mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah
Jo iku wonge apikan.
12
1.8 Cerito Khayal: Jin
Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe’e nganggo klambi
batik sing digawe pas mbah Jo mangkat. Lha ndhik sake lak onok titipan
surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku rek, pikire pak Mudhin.
”Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung
taksampekno nang peno kabeh.
Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak
putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate”. Mari ngono pak
Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..
HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU
!!!

Cerito Khayal: Argowilis

Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo
Bandung.
Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga
ningrat lek ndhelok pacakane.
Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure
sekitar 20an.
Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap
karotanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an.
Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketokane
rocker.
Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem. Sampek
moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi petengan
pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.
11
1 Humor Suroboyoan Jilid Siji
Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong
dikaplok PLAK..!!!. Wis mari ngono sepi maneh.
Sing ibu-ibu iku mau mbatin, ”Wah hebat arek wedhok sebelahku iki,
isok menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan”.
Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan, ”Gak salah tah, sing ngesun
mau iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek
sing disun”.
Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok
melok mbatin pisan, ”Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek kaplok. Dikiro
aku pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung
aku”.
Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan, ”Kapan
maneh rek, isok ngaplok kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun
mau iku tanganku dhewe”.

Cerito Khayal: Avtur

Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda
bagian pengisian BBM Pesawat.
Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani
mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.
”Adem-adem ngene enake ngombe yo” jare Uwar.
”Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu tah lek avtur iku isok diombe
?” jare Joko.
10
1.6 Cerito Khayal: Argowilis
”Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak
tah ?” Uwar mulai gunggungan.
Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur. Wis tuwuk ngombe
arek loro iku mulih terus keturon.
Isuke pas Uwar tangi, rasane awake sueger kuat. Moro-moro onok tilpun
muni, tibake Joko sing nilpun. ”Yok opo kon War..?” jare Joko
”Wah whuenak, kon yok opo ?” jare Uwar.
”Awakku yo sueger pisan. Kon gak teler tah ?” jare Joko.
”Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak. Mene nyobak
maneh tah ?” jare Uwar.
”Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?” takok
Joko.
”Dhurung..” jare Uwar.
”Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae
sak kuatmu. .” jare Joko.
”Lho opoko masalae ..?” Uwar bingung.
”Soale aku saiki ndhik Banjarmasin..”

Cerito Khayal: Lobang

Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro Nasip ndhelok
onok lobang guedhe.
9
1 Humor Suroboyoan Jilid Siji
”Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki” jare Nasip.
Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau. Sui gak onok
suorone blas... ”Whuik jerune...,” jare Sakri
”Watune kurang gedhe be’e, cobak kelopo” jare Nasip. Sakri njupuk
kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang.
Sepiii gak onok suorone.... ”Whuik jerune...,” jare Sakri
”Sik golek sing luwih gedhe maneh,” jare Nasip.
Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel
sepur. Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu
lobang.
Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone... ”Cik jerune lobang iki..” jare
Sakri Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk
arek loro. Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing
kecemplung lobang.
Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok
nang arek loro iku.
”He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak bacoke wonge
!!!”, takok Wak Dri.
”Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung
lobang iku” jare Nasip.
”Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak
cancang ndhik betone rel sepur ”

Cerito Khayal: Ngentutan

Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
”Opoko sampeyan ning ?” Jare doktere.
Yuk Jah terus cerito, ”Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan.
Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku
gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha
iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut.
Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek
gak mambu. Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok
ngentutan ”.
”Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbaliko
rene maneh” jare doktere.
Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
”Wis enakan tah ?” takok doktere.
”Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki
kokambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi
untunge entutku sik tetep gak muni”, jare yuk Jah.
”Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep
ikiyo” jare doktere.
”Obat opo maneh iku pak dokter ?” takok yuk Jah.
”Obat kopok..”

Cerito Khayal: Rasa Stroberi tah

Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.
Sing pertama maju anake pedagang bunga.
Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek, ”Isine kembang yo....”.
”Seratus buat bu guru..” jare anake pedagang bunga.
Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang.
Ambek bu gurune kadone dikocok-kocok. Wah iki rodok angel mbedheke,
pikire.
”Isine permen yo...”.
”Pinter bu guru..” jare anake wong dhodhol mracang.
Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat,
dhadhak netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi.
”Es krime rasa anggur yo...” jare bu gurune kemeruh.
”Salah...” jare areke.
”Rasa stroberi tah...?” bu gurune kemeruh maneh.
”Salah ..” jare areke.
”Wis aku nyerah, rasa opo sih iku” takok bu gurune.

Cerito Khayal: Salesman

Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko nhik omahku.
Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku
mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.
Jarene ngene ”Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak
isok nyedot, tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku.”
Jare ewangku ”Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?”.
”Lho opoko masalae ?” salesmane takok.
”Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ...”
Cerito Khayal: Rasa Stroberi tah .